Monday, August 15, 2011

Sesorah Tirakatan Mengeti Dinten Proklamasi Kamardikan Republik Indonesia

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh
  • Para sepuh pinisepuh ingkang tansah kinabekten
  • Para pangembating praja ingkang dahat kinurmatan
  • Sadaya warga Desa Sriwulan kakung saha putri ingkang minulya
  • Para kadang mudha ingkang kula tresnani
Saderengipun kula ngaturaken babagan Dinten Proklamasi Kamardikan RI, langkung rumiyin kula ndherekaken dhateng panjenengan sedaya, sumangga sami ngaturaken puja puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Welas lan Asih ingkang sampun kepareng paring kanugrahan awujud kasarasan miwah kawilujengan satemah panjenengan lan kula saged kempal ing ngriki kanthi kebak ing raos suka bagya saperlu ngawontenaken tirakatan mengeti dinten Kamardikan Indonesia ingkang kaping 65.

Salajengipun kula ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit sadaya warga sampun kapareng rawuh ing papan punika saengga saged njalari malem tirakatan ing dalu punika saged kalaksanan kanthi gangsar.

Para Bapak Ibu dalah kadang ingkang minulya,

Rahmating Allah ingkang awujud kamardikan punika mujudaken rahmat ingkang kedah kita jagi. Kamardikan punika mboten dawah saking langit, para pahlawan sampun ngurbanaken bandha, tenaga, lan jiwa murih bangsa lan negara punika saged uwal saking regemaning perang muka. Pramila ing dalu punika kita sami ngawontenaken wungon tirakatan, kanthi lenging manah namung :

Sepisan : Ngonjukaken syukur kita dhumateng Allah ingkang sampun kepareng paring kanugrahan arupi kamardikaning bangsa.

Kalih : Ngenget-ngenget lelabetanipun para pahlawan ingkang sampun ngurbanaken jiwa lan raga kangge kamardikan. Kita unjukaken puji pandonga dhateng arwahipun para pahlawan, mugi katarimah lelabetanipun lan kaparingan piwales utami dening Pangeran Ingkang Maha Kuwaos.

Tiga : Kita lajengaken lelabetanipun para pahlawan nyampurnakaken hasil perjuanganipun kanthi ambangun nagari mardika punika amrih makmur. Kita kedah rumaos dosa, purun nampi warisan arupa kamardikan nanging boten kuwawi ngopeni lan miyara.

Para sedherek sedaya ingkang bagya mulya,

Mangga ing kalodhangan punika kula ngajak supados para warga saged nuwuhaken watak ingkang saged ngrembakaken semangat nasionalisme tumrap bangsa lan negara saengga saged sareng sareng mbangun nagari ingkang kita tresnani punika.

Mekaten atur sepala saking kula, minangka suhing RW 03 Desa Sriwulan, kula nyuwun agunging samodra pangaksami menawa wonten kiranging subasita, miwah cecer ceweting basa tuwin sastra. Nuwun

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Ditulis oleh : khairul anas ~ All- Round About Knowledge
Anas InsideSobat sedang membaca artikel tentang Sesorah Tirakatan Mengeti Dinten Proklamasi Kamardikan Republik Indonesia. Oleh Admin, Sobat diperbolehkan mengcopy paste atau menyebar-luaskan artikel ini, namun jangan lupa untuk meletakkan link dibawah ini sebagai sumbernya

0 comments:

Leave a Reply