Monday, August 15, 2011

Teori Pambagyaharja

Tembung "Pambagyaharja" iku dumadi saka tembung "pambagya" lan tembung "raharja". "Pambagya" utawa "pambae" tegese anggone mbagekake utawa anggone ngurmati. Dene tembung "raharja" iku pada karo "rahayu, slamet, widada, begja", utawa luput saka kacilakan. Kanthi dhasar katrangan iku, tembung "pambagyaharja" kena ditegesake sesorah kang isine ngturake kabar karaharjan utawa kaslametan marang tamu/priyayi kang diajak guneman. Ing basa Indonesiya, tembung "pambagyaharja" diarani "ucapan/sambutan selamat datang".

Supaya bisa sesorah pambagyaharja kanthi becik, para siswa perlu ngrancang sesorah, kanthi nggatekake bab-bab ngisor iki.

  1. Apa bae pokok-pokok isine,
  2. Gawe ragangan (kerangka) sesorah,
  3. Mekarake ragangan sesorah iku kanthi milih tembung-tembung kang pener,
  4. Nggatekake unggah ungguh (sesorah marang sapa),
  5. Maragakake utawa mraktekake kanthi kedal (lafal), wirama (tempo), wirasa (intonasi), lan patrap (sikap kang pener).

Ditulis oleh : khairul anas ~ All- Round About Knowledge
Anas InsideSobat sedang membaca artikel tentang Teori Pambagyaharja. Oleh Admin, Sobat diperbolehkan mengcopy paste atau menyebar-luaskan artikel ini, namun jangan lupa untuk meletakkan link dibawah ini sebagai sumbernya

0 comments:

Leave a Reply